Senin, 04 Januari 2016

GEGURITAN



Klangenan Ibu

Manuk emprit mabur jinjit
Engklek ing godhong pring kang wis ngumur
Tembange sesauran karo krerete awak pring
Esuk rak krasa mlaku awan
Awan rak krasa mlaku sore
Wayangan urip cetha ing sawangan
Yen surya wis ana ing kulon kaya saiki
Wedang teh buket lan gula jawa wis dicepakake
Klangenane panjenengan
Biasane...
Awaku ndeprok ing lemah, reged
Meja ing sisih kiwaku wis ana isine
Wedang teh lan gula jawa kang esih kumebul
Lamuk wis saya ireng
Onine emprit wis ora keprungu maneh
Grerite awak pring wis genten karo orong-orong
Bu.. yen wingi aku wis resik
Wis nyepakake teh lan gula
Saiki aku esih ndeprok ing lemah reged
Meja wis ana isine bu
Wedang teh lan gula jawa kang wis adhem
Ora ana sing nyenggol
Peteng sansaya ndhedhet
Angin bengi sumribit gawe awak ndredeg marang kasunyatan
Wingi esih gurisan
Saiki aku dhewekan
“Bu, panjenengan sampun kondur to?”

GEGURITAN



Wis Wayahe

Wis dadi kudune...
Sore sing sedhela maneh dadi wengi
Dadi peteng
Wis dadi dalane mesthine
Ambekan anget dadi adhem
Jantung sing dag dig dug
Dadi ora krasa maneh dag dig dug
Wis dadi dalane Nduk
Bocah plala plolo mandeng biyunge slonjor
Adem awake, merem matane
Wis dadi pesthine Nduk
Bocah bingung, lambe nutup ora kumecap
Wis dadi takdire Nduk
Bocah mbrambang eling kahanan
Wis dadi wektune Nduk
Aja nangis...

GEGURITAN



Tas Plastik

Tas plastic dislendhokake nawak…
Rupane elik, bolong ngarepe sith9ik
Sing nganggo bocah lanang kencur
Jan kencur
Sikil chilike dhimik-dhimik ora sendhalan
Nrobos dalan aspal, panas
Panasing dina gawe rambute kaya bule, abang soklat
Panasing dina gawe gesenge kulit, kaya negro
Ing trotoar, ngadeg
Tangan ngedheng, lambe cilik ngucap
“bu pak nyuwun paring”
Mak gregel…
Duh…
Bocah kencur, tas plastic bolong ngarepe
Ngadeg ing pinggir dalan saben dinane
Tangan ngedheng, lambe cilik, elik rupane

GEGURITAN



Langit Biru

Caba gatekaken
Langit biru kae esih ajeg kaya wingi
Dak sawang ora mbosenake
Dak sawang ora gawe kuciwa
Dak sawang malah dadi betahe
Langit biru kae…
Kaya panjenengan…
Sih ku…
Rasa ku…
Kembang pengarepku…
Elok, ayu, uripku…
Bu…
Birune langit tentrem ing ati ku
Adohe ora bisa tak cawel
Pada kaya panjenengan
Saiki lan sateruse…


Selikur

Ademe hawa ora tak rasakake
Semtrubude angin pra gaawe segere
Mau loh…
Aku esih bisa ngelus rambut kriting kuwi
Aku esih bisa mandeng mriipat sippit kuwi
Mau loh jan mau…
Esuk selikur dadi saksi pungkasan
Kabeh sing bisa aku lus,
Sing bisa aku deleng
Penjenengan, Ibu…
Sampun kondur
Esuk selikur dadi dina pungkasan

GEGURITAN



Bapak

“aku wis tuwa Nduk”
Renea sediluk
Caba sawangen pithik kae
Wingi nembe wae netes
Saiki esih diiring
Yen gedhe sithik, wis di pethal
Manungsa uga ngono Nduk
Biyung ngandhut, mbabarake
Nggedekake
Nanging bedane
Yen bocah wis gedhe
Rak bakal ditinggal ngono wsae
Nduk…
Yen bapak wis kapundhut
Elinga pesene bapak
Bapak rak bakal ninggal awakmu
Yen ora saka kersaning Gusti