Sabtu, 02 Januari 2016

Geguritan

            Basa Jawa iku sugih kasusastraan, salah sijine yakuwi geguritan. Miturut kamus, geguritan iku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune ora ajeg. Dene miturut Subalinata (1994:45), Geguritan iku yakuwi iketaning basa kang memper syair. Mula ana sing ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale saka tembung gurita, tembung gurita owah-owahan saka tembung gerita. Tembung gerita linggane gita, tegese tembang utawa syair. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastraan puisi kang werna-werna wujuding dhapukane.
            Adhedasar dhapukaning ukara lan pangiketing tembung, werna-werna araning geguritan, kaya ing ngisor iki :
1.    Syair rong gatra sapada      : gita dwi gatra
2.    Syair telung gatra sapada   : gita tri gatra
3.    Syair patang gatra sapada  : gita catur gatra
4.    Syair limang gatra sapada  : gita panca gatra
5.    Syair enem gatra sapada     : gita sad gatra
6.    Lsp.
Babagan kang awrat saka geguritan, yakuwi : tema, pamilihane tembung utawa diksi, sarana retorika, lan amanat utawa pesen kanggo pepeling marang wong kang maca.
Tuladhane :
Pahlawanku (R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika 

sumber : materi buku LKS kelas XI semester 1

Tidak ada komentar:

Posting Komentar