Paribasan
yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning
paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa
pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok,
lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang
kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa
pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa,
utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.
Paribasan
ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges
nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning
manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni,
disanepani, utawa dipindhakake.
Tuladhane :
1.
Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake
kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane.
2.
Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu,
sing ala bakale ketara.
3.
Jer basuki mawa beya = sakabehing gegayuhan mbutuhake
wragad (pengorbanan).
4.
Kere munggah bale = wong asor diprecaya dadi panguwasa
(wong pangkat).
5.
Tulung menthung = katone aweh pitulungan, nanging gawe
susah.
6.
Yoga anyangga yogi = murid nirokake piwulange guru.
7.
Gajah ngidak rapah = wong gedhe (agung) nrajang
wewalere dhewe.
8.
Desa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe
tata cara dhewe-dhewe.
9.
Njajah desa milangkori = wis tekan ngendi-endi.
10. Kebo kabotan
sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan anak.
sumber : http://sastra-jawa007.blogspot.co.id/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html
sumber : http://sastra-jawa007.blogspot.co.id/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar