Senin, 04 Januari 2016

GEGURITAN



Klangenan Ibu

Manuk emprit mabur jinjit
Engklek ing godhong pring kang wis ngumur
Tembange sesauran karo krerete awak pring
Esuk rak krasa mlaku awan
Awan rak krasa mlaku sore
Wayangan urip cetha ing sawangan
Yen surya wis ana ing kulon kaya saiki
Wedang teh buket lan gula jawa wis dicepakake
Klangenane panjenengan
Biasane...
Awaku ndeprok ing lemah, reged
Meja ing sisih kiwaku wis ana isine
Wedang teh lan gula jawa kang esih kumebul
Lamuk wis saya ireng
Onine emprit wis ora keprungu maneh
Grerite awak pring wis genten karo orong-orong
Bu.. yen wingi aku wis resik
Wis nyepakake teh lan gula
Saiki aku esih ndeprok ing lemah reged
Meja wis ana isine bu
Wedang teh lan gula jawa kang wis adhem
Ora ana sing nyenggol
Peteng sansaya ndhedhet
Angin bengi sumribit gawe awak ndredeg marang kasunyatan
Wingi esih gurisan
Saiki aku dhewekan
“Bu, panjenengan sampun kondur to?”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar