Jarene biyen aku seneng nganggo rok-rok mini lan
klambi tangtop mlaku-mlaku ana gang cilik, lurus mangidul pol tekan pertelon
banjur ngiwa. Sepatuku tak tuk tak tuk onine ngambah aspal-aspal gemrugul
watune padha tangi-tangi, mlaku-mlaku kesampar sepatuku. Esuk utawa tengah
wengi mesthi aku liwat gang kuwi. Ngukur dalan saksuwene limangtaun, ning tetep
wae ora ngerti dawane dalan kuwi pirang meter utawa pirang kilo. Jarene biyen
aku tau mlebung ICU, ruang apa mbuh kuwe tapi sing jelas ning kono aku andon
turu seminggu luwih, dilayani kanthi permati neng dhokter-dhokter gagah, esih
nom sisan, karo mba-mba suster sing ayu-ayu nganggo klambi lan kudhung sarwa
putih-putih. Aku ora patiya nggatek kenangapa kok aku bisa mlebu ana ruangan
kuwi, tapi jare Siti Maesyaroh sing
jeneng panggunge Maesya, sing ngaku-ngaku uga dadi kancaku, sadurunge
aku mlebu ruangan kuwe aku pengin nantang Dewa, malaikat apa sapa waelah sing
bisa tak tantang kanggo mateni awakku. Lah lah apa ora ngeri kuwi, masa nantang-nantang
supaya dipateni. Tapi halah mbuh ah, pada ngedebus ndean.
***
Grimis riwis-riwis nelesi dalan ana
gang cilik. Ambune aspal campur lemah kesiram udan, khas pisan. Wengi sansaya
ndadi nalika sikilku obah-obah ngukur dalan sakdawane gang cilik mau. Tak tuk
tak tuk onine sepatu hak duwure seputuh senti mijeti dalan sing teles merga
udan. Gange sepi, mung ana wong siji loro padha mlaku dhimik-dhimik banjur
mlumpat ngindhari blumbang-blumbang cilik ana tengah dalan sing anane mung yen
ana udan tok. Kaya kiye ya dadi teles klambiku merga grimise ora
mandheg-mandheg. Tak cepeti tekan pol gang ana pertelon aku nengen. Biasane
ngiwa nanging aku ana janji karo kang Salaman ana omah gedheke kana. Kang
Salaman wis ngenteni aku neng ngarep omah, weruh aku banjur nuncek rokoke mring
asbak sing wis kebak latu.
“Mrene
mlebu Tan, aku wis ngenteni awakmu awit sore iki” omonge kang Salaman karo
ngawe-awe aku. Aku mung mesem. Kang Salaman mbukak lawang banjur nggandheng
tanganku, nyekel pundhakku, aku digiring mlebu. Omahe kang Salaman pancen
unggal dinane sepi, kaya saiki. Bojone minggat mbuh maring ndi parane sebab ora
kuat ngadhepi kang Salaman unggal dinane. Kang Salaman kuwe ahline nenggak
inuman keras sing janene ya cair, saben dina nek ora nginum bengi ya nginum esuk,
nek ora nginum esuk ya nginum bengi. Malah jarene bisa nginum inuman keras sing
janene ya cair kuwe sedina ping telu kaya nginum obat wae.
“Meh
ngunjuk apa cah ayu? Iki ya?” pitakonane kang Salaman di terusake nyodorke
gelas pongkor kang isine kebak. Saka ambune aku ngerti yen kuwi banyu tape
bosok. Aku mung mesem maneh. Kang Salaman ngombe banyu kuwi uga ana gelase
dhewek banjur nyedhaki aku meksa aku kon ngombe uga. Kepeksa, aku durung tau
nginum ciu, ngmbung ambune wae aku wegah, murahan ora level. Kanggo nyenengake
atine kang Salaman aku ngombe, setitik, tak tahan-tahan. Rasane pait banjur
ngilini tenggorokan dadi panas.
Kang Salaman narik tanganku mlebu
sawijining kamar ana kana. Ana kasur, bantal kumel telu ing nduwure. Barang aku
wis mlebu, kang Salaman nutup lawang. Nyedhaki aku ngelus-elus rambutku, mesem
sing gawe aku gigu. Halah piye ora gigu, lah wong kang Salaman kuwe menungsa
paling elek sing pernah tak temoni, luwih tepate tamu sing paling elek
sakdawane aku nggeluti pegawean iki. Tangane kang Salaman ora gelem meneng,
gramakan ana awakku. Mbuh nggoleki apa. Ora dinyana-nyana tangan sing maune
alus ngelus-lus awak bagian ngarepku banjur mlayu nduwur banter nyampar raiku
sing esih dirias ayu. Saking bantere gawe aku kaget. Plaaaak!!!. Aku tiba,
pipiku abang merga tangane kang Salaman. Durung sempet aku obah meneh, kang
Salaman wis nyedhaki aku karo ngguyu-nguyu.
“Piye
cah ayu kok ngono wae wis tiba?” tangane karo mlaku narik lengenku, ndorong
awakku tiba kasur. Kang Salaman mlaku nyedhaki meja kang nduwure ana gelas
pongkor loro. Dheweke nginum apa sing ana ing njerone. Nyedhaki aku meneh meksa
aku nginum uga.
“Ayo
inumen, enak looh” gelas wis ana tutukku, isine wutah kabeh mlebu wetengku.
Rasane aku ora kuat nanging aku uga ora bisa nolak apa sing dikarepke tamuku.
Efekke langsung krasa, aku gleyengan. Kang Salaman ngguyu ngakak weruh aku kaya
iki. Dheweke ngudhari sabuke banjur siap-siap nyabetake sabuke marang awakku.
Plaaaaakkk!!! Mbuh piye maneh.
***
Aku mikir apa, aku mbayangke apa mau?
Sikil ku ndredeg banjur ora kuat nahan awakku. Aku ndeprok ana wedhi putih.
Ndeleng adoh batas segara sing bisa tak deleng. Iku dudu bayangan tok. Aku
ngerti yen iku dudu bayangan tok. Kabeh mau wis tau kelakon. Nanging kapan? Aku
ora ngerti blas, aku ora kemutan blas kapane.
***
Kang Salaman ngos-ngosan. Bar ngopo
kang? Pitakonku ora kewetu barang aku rada sadar yen awakku wis blijing. Aku
ora bisa menyat, apa maneh mlayu. Ngerti yen aku wis sadar, kang salaman banjur
nyekoki aku inuman kuwi maneh, aku emoh. Tenan aku emoh. Aku lemes ora nduwe
daya. Semenit rong menit. Kang Salaman nyedhaki aku maneh, ngelus-lus maneh,
aaah kang aku nyerah aku emoh! Lawang sing maune nutup, sithik-sithik mbukak.
Wong lanang telu mlebu.
“Mayuh
kang mumpung esih bengi” omongane salah sijine wong lanang kang nembe mlebu mau
marang kang Salaman. Kang Salaman ora ngomong apa-apa mung manthuk-manthuk.
Ngerti yen kang Salaman aweh isyarat iya, wong lanang telu mau padha ngetokake
senjata saka njero klambine, mbuh senjata apa wae. Ora ngerti sangkane wong
lanang telu mau njagal aku, awakku dioyak-oyak rasane mbuh dikapakna wae. Kang
Salaman terus nyekoki aku nginum. Perih, lara, getihku muncrat saka pori-pori
kulitku sing alus. Sirahku dijebles-jeblesake tembok, di penthungi karo garan
pacul, banting kana banting kene. Aku ora sanggup nglawan.
“Iki
kanggo wales dendamku cah ayu” omongane kang Salaman ora patiya keprungu.
***
Aaah sirahku ngelu yen aku wis
mbayangke kedadean kuwi. Kedadean apa aku ora ngerti. Ombake segara gawe sirahku
tambah ngelu. Iki crita apa? Iki crita kang aku ora mangerteni, kedadean apa?
Kedadean sing tau ana tapi aku dhewe ora paham lan ora patiya kelingan. Kang
Salaman kuwi sapa? Ana apa kang? Dendam apa?
Ambekanku landhung pisan, aku
mbeneri kain sing nutup rambutku. Ngusap rok dawa lan klambi dawa sing nutup
awakku. Biyen jarene aku nganggo rok mini, klambi tangtop, sepatu highills,
tapi kok saiki ora? Aaah biyen aku wis pengin mulih, nanging Gusti durung
maringi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar