Senin, 04 Januari 2016

TULADHA LAYANG ULEM

Bantul, 1 September 2011

Bismillahirrohmaanirrohim
Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Winantu sagunging pakurmatan.
Kanthi lumaraping nawala sedhahan, minangka sesulih pisowan kula wonten ing ngarsa panjenengan.
Sinartan nyadhong berkahing Gusti Ingkang Maha Agung, kula sak kluarga hanggadhahi pangangkah badhe ngawontenaken tasyakuran tuwin pawiwahan supitan yoga kula ingkang nami, AGUS TUNGGAL HARDIAN  mbenjang ing,

Dinten             : Seloso Wage
Suryo Kaping : 12 September 2012
Wanci              : tabuh 09:00 wekdal iring kilen ~ sak bibaripun.
Mapan ing      : Griyo kulo Bambanglipuro Rt 12 Rw 10 Bantul, Ngayogjokartohadiningrat

Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kawula awit agunging kawigatosan rawuh panjenengan, mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah peparing berkah wilujeng ing sedayanipun. Amin.

Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.
Atur Taklim kawulo,




Kulawarga Bpk. HERNAWAN AJI sakbrayat
 
 
sumber :http://agungadiaryono.blogspot.co.id/2012/04/contoh-undangan-bahasa-jawa-atau-ulem.html#.Voses0-Tu1s 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar