Senin, 04 Januari 2016

Cerkak "Rum Arum"



 Image result for anak kecil perempuan dipematang sawah

Arum nelangsa, yen ngelingi kahanan sing dirasakake saben dinane. Sega aking sing ana ing nduwur payon di jupuk. Tampah sing pinggirane wis copot gawe tampah mau ora kuat kanggo nahan beban sing ana ing tengahe. Sega aking sing mung rong genggeman di lus-lus, di sebar rata ana tampah mau. Durung garing pikirane Arum kandha. Arum nyelehke tampah isi sega aking mau ana payon maneh. Arum lungguh ana dipan, tangane sibuk nguwel-uwel eceng gondhok sing wis garing. Disigar dibuang isine utawa tengahe, banjur dipipih-pipihake nganggo alat supaya gepeng. Eceng gondhok garing kang wis pipih utawa gepeng banjur dianyam, gawe kerajinan tangan tempat tisu. Anyaman-anyaman sing digawe dening Arum yen wis dadi banjur disetorake marang Bu Deden. Saka Bu Deden Arum entuk nyelang alat kanggo mipihake eceng gondhok. Bu Deden ngumpulake asile kerajinan tangan tempat tisu lan liya-liyane saka warga kampung banjur di pasarake menyang luar dhaerah. Saka gawe kerajinan tangan Arum bisa entuk biaya kanggo nyekolahake adhine kang esih SD kelas siji kuwi.
            Rumangsa wis kesel, Arum liren. Dheweke menyang jero omah niliki Ibune kang lagi sarean ana kamare. Kahanane esih padha. Awakke kuru, mripate cekung, watuke ngikil ora mandheg-mandheg. Arum metu omah maneh, sikile ngajak lunga menyang panggonan mbuh endi. Rum Arum bocah sepuluh taun mlaku dhimik-dhimik menyang panggonan mbuh endi ngetutake sikile. Tengane nuju sawijining pasar kang cedhak saka omahe. Dheweke ileng-ileng kiwa tengen. Nggoleki apa Rum? Tangane sing esih cillik ngobok-ngobok tong sampah ana jejer Warteg. Misaih botol-botol plastik karo kerdus-kerdus, lan siji maneh, bungkusan kertas nasi. Dibukak hap! Entuk kan... sega luwihan wong mangan sing ora entong. Digawa mulih dening arum. Botol lan kerdus uga digawa mulih.
            Dalan sing diliwati awujud dalan setapak kang kiwa tengene ana suket-suket gajah sing wis ditegori. Ngluwihi bonggool-bonggol kang esih ngadeg sedengkule Arum. Kinjeng-kinjeng padha mabur udag-udagan mrana-mrene. Swasana desa sing kerasa banget. Ngliwati dalan mau, Arum banjur napakake sikile neng galengan sawah sing esih teles. Pari-pari sing esih ijo-ijo padha njoged diiringi karo sumilire angin kang tumiyup silir-silir. Batine Arum kandha, kahanan kang tentrem damai iki bisa dak sawang saka angin kang sumilir ngelus pari-pari lan awakku saiki, gawe ayem lan tentreming kalbu senajan sakjane atiku ngelu.
            Galengan sawah wis diliwati, kali gedhe wis ana ing ngarepe. Biyen yen arep nyabrang menyang omahe Arum sakwise saka pasar, Arum kudu nglangi nyegur maring njero kali gedhe mau, nglawan arus banyu sing bisa nyeret awake Arum sing ciilik, nanging saiki kahanane wis beda. Powotan saka pring wis mlagrang kanggo liwat wong-wong kang padha nyebrang kali. Mlaku sediluk saka kono, Arum tekan omahe.
            Arum nyelehake botol lan kerdus mau ana pedangan, banjur dheweke nyelehake sega bekas wong kang wis diresiki jangane ana tampah. Banjur dipepe. Dijupuk sega aking saka tampah sijine. Arum mlebu pedangan maneh, nyelehake panci ana pawon banjur nggeneni. Sega aking dicemplungake ana banyu kang wis umeb. Tangane cekatan ngatur kayu-kayu ana njero pawon supaya murube pas, ora kegeden ora keciliken. Tangan-tangan cilik mau ngudhek-udhek sega aking kang lagi digodhog, sedela tok.
            Sinambi nggoddhog sega aking, Arum metu omah mlaku menyang mburi omah. Dheweke njupuk godhong budin sing esih nom. Segenggeman tangane. Digawa ana kali cilik, trus di kumbah. Arum mulih. Godhong budin mau arep kanggo lawuh mangane Arum, Ibune lan adine. Sega aking kang wis rada empuk banjur disaring, didang maneh. Godhong budin digodhog ana pawon mburine. Dheweke mingkur njupuk ciri mutu, brambang, bawang lombok, uyah banjur digerus dadi sambel.
            Rum Arum bocah umur sepuluh taun, adang sega aking, lawuh godhong budin lan sambel. Rum Arum bocah cilik ayu trengginas, golek botol-botol bekas, kerdus, sega turahan ana pasar, gawe kerajinan tangan kanggo nguripi keluarga lan nyekolahake adhine. Rum Arum apurana Ibumu sing mung bisa nglethak ana amben nahan cekit-cekit ana dhadha iki. Apurana ya Rum.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar