Sabtu, 02 Januari 2016

Nulis Aksara Jawa

1.      Tandha Adeg-adeg ()
Tandha adeg-adeg ditulis ana ing sangarepe ukara, kawane tikel lorone aksara. Adeg-adeg uga diarani “pada”.
Kabeh ukara ora kudu nganggo adeg-adeg nanging namung ukara anyar (alinea anyar) kang perlu nganggo adeg-adeg.
Tuladha :
a.       Giyarti nyapu : ꧋ꦒꦶꦪꦂꦠꦶꦚꦥꦸ
b.      Donga pangestu : ꧋ꦢꦺꦴꦔꦥꦔꦺꦱ꧀ꦠꦸ
2.      Tandha Pangkon (    )
Tandha pangkon gunane kanggo ngowahi aksara urip (vokal) dadi aksara  mati (konsonan). Disebut “pangkon” amarga aksara urip kang dipangku dadi mati. Tandha pangkon uga diarani “sigeg” kang tegese mandheg (tertutup).
Tuladha :
a.       Ani tuku sega liwet : ꦲꦤꦶꦠꦸꦏꦸꦱꦼꦒꦭꦶꦮꦼꦠ꧀ 
3.      Sandhangan Rangkep Telu
Sandhangan rangkep telu. Kang diarani sandhangan rangkep telu yaiku aksara siji mawa sandhangan nganti cacahe telu, yaiku sandhangan aksara urip (vokal), layar, cecak utawa wignyan, cakra.
            Tuladha :
a.    Sandhangan     : ꦱꦤ꧀ꦣꦔꦤ꧀

b.    Wignyan          : ꦮꦶꦒ꧀ꦚꦤ꧀


sumber : materi buku LKS kelas XI semester 1

Tidak ada komentar:

Posting Komentar