Maca kanthi ekstensif yaiku maca tulisan utawa wacana kang komprehensif, tegese maca kanthi pemahaman. Maca pemahaman utawa komprehensif yaiuku ketrampilan maca kanggo mangerteni ide pokok/baku, kabeh pengerian kang komplet lan penting. Kanggo maca pemahaman kudu anduweni kabisan kaya kang kawedar ing ngisor iki.
1. Mangerteni Ide Pokok/baku ing Saben Paragraf
Ing kegiayatan maca cepet kita ora mung mligi kudu bisa maca tembung lan ukara sak akeh-ekehe kanthi wektu kang sedela, nanging uga kudu bisa nemokake ide pokok/baku ing saben paragrap.
Ide pokok/ baku bisa dumunung ana wiwitan, tengah, pungkasan, utawa campuran saka tetelune. Mula saka iku nalika maca ekstensif golekna ide pokok/bakune.
2. Niteni Fakta lan Panemu (opini)
Ing sajroning wacan (artikel) ngandhut fakta lan opini. Kowe bisa niteni fakta lan opini kasebut. Wacanen tuladha ing ngisor iki.
a. Fakta :
Grebeg Mulud kang dikirab saka Siti Hinggil Kraton Ngayogyakarta tumuju Mesjid gedhe Kauman, udakara tabuh 09.30 WIB.
b. Opini :
Ora mung kanggo keslametan, thiwul iku uga bakal mesthi berkah kanggo tanduran lan sawahe, supaya asli tetandurane ana ing sawah bisa apik.
Saka tuladha ing dhuwur bisa kotiteni kepriye ciri-cirine fakta lan opini iku. Fakta iku bisa dimangerteni kabeh kedadeyane kang bisa dibuktekake kanyataane (akurat), lan sipate objektif. Dene opini iku panemu saka sapa bae anggenani kadadeyan utawa fakta kang dumadi, sipate subjektif.
3. Ngringkes Isi Teks
Sakwise maca kanthi ekstensif, kowe bisa gawe ringkesan isi teks.
sumber : materi buku LKS kelas XI Semester 1.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar