Tembung camboran (kata
majemuk)
Tembung camboran (kata majemuk) yaiku tembung loro utawa
luwih sing dirangkep dadi siji, miturut tegese tembung camboran bisa kaperang
dadi loro yaiku :
a) Camboran Tunggal
Nagasari, Semarmendem, Ulerkembang, Daramuluk
b) Camboran wudhar
Gedhecilik, Meja tullis, Gedhang goreng, larabrantha
Tembung tanduk
Tembung tanduk yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater
hanuswara (m, n, ny). Tembung tanduk bisa kaperang dadi telu warna, yaiku :
a) Tembung tanduk
kriya wantah
Tembung tanduk kriya wantah yaiku tembung sing ora oleh
panambang
Tuladha : maju, ndheleh, ngadeg, nyapu
b) Tembung tanduk
i-kriya
Tembung tanduk i-kriya yaiku tembung tanduk sing oleh
panambang i
Tuladha : menthungi, nglabui, nulungi, nyaponi
c) Tembung tanduk
ke-kriya
Tembung tanduk ke-kriya yaiku tembung tanduk sing oleh
panambang ke utawa ake
Tuladha : Ndhuduhake, nyelehake, mbalangake, ngalungake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar