Wis Wayahe
Wis
dadi kudune...
Sore
sing sedhela maneh dadi wengi
Dadi
peteng
Wis
dadi dalane mesthine
Ambekan
anget dadi adhem
Jantung
sing dag dig dug
Dadi
ora krasa maneh dag dig dug
Wis
dadi dalane Nduk
Bocah
plala plolo mandeng biyunge slonjor
Adem
awake, merem matane
Wis
dadi pesthine Nduk
Bocah
bingung, lambe nutup ora kumecap
Wis
dadi takdire Nduk
Bocah
mbrambang eling kahanan
Wis
dadi wektune Nduk
Aja nangis...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar