Bapak
“aku wis tuwa
Nduk”
Renea sediluk
Caba sawangen
pithik kae
Wingi nembe wae
netes
Saiki esih
diiring
Yen gedhe
sithik, wis di pethal
Manungsa uga
ngono Nduk
Biyung ngandhut,
mbabarake
Nggedekake
Nanging bedane
Yen bocah wis
gedhe
Rak bakal ditinggal
ngono wsae
Nduk…
Yen bapak wis
kapundhut
Elinga pesene
bapak
Bapak rak bakal
ninggal awakmu
Yen ora saka
kersaning Gusti
Tidak ada komentar:
Posting Komentar