Tas Plastik
Tas plastic
dislendhokake nawak…
Rupane elik,
bolong ngarepe sith9ik
Sing nganggo
bocah lanang kencur
Jan kencur
Sikil chilike
dhimik-dhimik ora sendhalan
Nrobos dalan
aspal, panas
Panasing dina
gawe rambute kaya bule, abang soklat
Panasing dina
gawe gesenge kulit, kaya negro
Ing trotoar,
ngadeg
Tangan ngedheng,
lambe cilik ngucap
“bu pak nyuwun
paring”
Mak gregel…
Duh…
Bocah kencur,
tas plastic bolong ngarepe
Ngadeg ing
pinggir dalan saben dinane
Tangan ngedheng, lambe cilik, elik rupane
Tidak ada komentar:
Posting Komentar